Oleh: Ahmad Saefudin
Khutbah Kaping Sepisan
اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، اللّٰهُ أَكْبَرُ، وَلِلّٰهِ الْحَمْدُ.
اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ رَبِّ الْعَالَمِينَ، اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِيْ هَدَانَا لِلْإِيْمَانِ وَالْإِسْلَامِ، وَوَفَّقَنَا لِصِيَامِ رَمَضَانَ وَقِيَامِهِ، وَبَلَّغَنَا يَوْمَ الْفِطْرِ فِيْ صِحَّةٍ وَعَافِيَةٍ.
وأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّدًا عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، اللّهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبارِكْ عَلَى سَيِّدِنا مُحَمَّدٍ وَعَلَى الِه وَأَصْحَابِهِ وَالتَّابِعينَ بِإحْسانِ إلَى يَوْمِ الدِّين ، أمَّا بَعْدُ: فَيَا عِبَادَ اللهِ، أُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِي بِتَقْوَى اللهِ عَزَّ وَجَلَّ، فَاتَّقُوا اللهَ حَقَّ التَّقْوَى، وَبَادِرُوا إِلَى مَا يُحِبُّهُ رَبُّكُم وَيَرْضَاهُ، يَا أَيُّهَا الَّذِينَ
آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ وَاتَّقُوا اللَّهَ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Ma’asyiral muslimin wal muslimat rahimakumullah,
Wonten enjing ingkang berkah puniko, kula wasiyat dhateng diri kula pribadi saha dhateng panjenengan sedaya, mangga kita sami ningkataken takwa dhateng Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā. Takwa punika boten namung kedah kita jagi nalika wulan Ramadhan kemawon, nanging ugi kedah tetep kita ugemi sasampunipun Ramadhan, wonten ing griya, wonten ing papan nyambut damel, wonten ing pasar, wonten ing dalan, saha wonten ing pagesangan bebrayan saben dinten.
Awit saking menika, takwa punika dados bekal ingkang paling ageng kanggé tiyang muslim. Takwa punika dhasar kamulyanipun manungsa wonten ngarsanipun Allah, sarta dados tandha bilih manah, lisan, lan tindak-tanduk kita tansah kapinginaaken manut dhateng dhawuhipun Allah lan tebih saking laranganipun. Tiyang ingkang takwa boten namung sae nalika piyambakanipun wonten ing sajroning ibadah, nanging ugi sae akhlakipun nalika sesrawungan kaliyan kulawarga, tanggi teparo, saha masyarakat.
Paédahipun takwa wonten ing donya punika ageng sanget. Kanthi takwa, manah dados langkung tentrem, urip dados langkung berkah, lan Allah maringi pitedah wonten ing saben lampahipun. Tiyang ingkang takwa ugi badhe dipunparingi dalan medal saking reribet, dipunparingi pitulungan nalika ngadhepi pacoban, sarta dipunparingi rezeki saking margi ingkang boten kinira-kira. Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā ngandika:
وَمَنْ يَتَّقِ اللَّهَ يَجْعَلْ لَهُۥ مَخْرَجًا وَيَرْزُقْهُ مِنْ حَيْثُ لَا يَحْتَسِبُ
Tegesipun: “Sintena ingkang takwa dhateng Allah, mesthi Allah maringi dalan medal kanggé piyambakipun, lan maringi rezeki saking arah ingkang boten kinira.”
(QS. Aṭ-Ṭalāq: 2-3)
Dene paédahipun takwa wonten ing akhirat, inggih punika dados sebab dipunapunten dosa-dosanipun, dipunangkat drajatipun, dipunparingi rahmat, saha pungkasanipun dipunlebetaken dhateng swarga. Tiyang ingkang takwa boten namung begja wonten ing donya, nanging ugi slamet wonten ing akhirat. Awit saking menika, takwa punika sanes namung piwulang, nanging kedah dados laku urip saben dinten, amargi tiyang ingkang paling mulya wonten ngarsanipun Allah inggih punika tiyang ingkang paling takwa.
Mila, sasampunipun Ramadhan menika, mangga kita sedaya boten namung remen amargi sampun dumugi dinten riyaya, nanging ugi tansah nyuwun dhateng Allah supados dipunparingi kekiyatan ngugemi takwa. Amargi kanthi takwa, kita saged gesang mulya wonten ing donya, lan kanthi takwa ugi kita ngarep-arep pikantuk kabagyan saha kaselametan wonten ing akhirat.
Jamaah salat Id ingkang kinurmatan,
Dinten menika kita sami ngraosaken kabingahan Idul Fitri. Nanging kabingahan punika boten cekap menawi namung kawates sandhangan enggal, dhaharan riyaya, lan kumpul kaluwarga. Idul Fitri punika kedah dados wekdal kanggé muhasabah, ngresiki manah, sarta mbangun malih sesambetan sosial ingkang langkung sae.
Allah Subḥānahu wa Ta‘ālā ngandika:
يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ وَلْتَنْظُرْ نَفْسٌ مَا قَدَّمَتْ لِغَدٍ ۖ وَاتَّقُوا اللَّهَ ۚ إِنَّ اللَّهَ خَبِيرٌ بِمَا تَعْمَلُونَ
Tegesipun: “He wong-wong kang sami iman, padha takwanana marang Allah, lan saben jiwa kedah mirsani punapa ingkang sampun dipunsiapaken kanggé sesuk, lan padha takwanana marang Allah. Satemene Allah Maha Waspada dhateng punapa ingkang panjenengan tindakaken.”
(QS. Al-Ḥasyr: 18)
إِنَّمَا الْمُؤْمِنُونَ إِخْوَةٌ فَأَصْلِحُوا بَيْنَ أَخَوَيْكُمْ
Tegesipun: “Satemene para mukmin punika sedherek, mila padha rukunna antarane sedulur-sedulurmu.”
(QS. Al-Ḥujurāt: 10)
Rasulullah Ṣallallāhu ‘alaihi wa sallam ngendika:
لَا يَدْخُلُ الْجَنَّةَ قَاطِعُ رَحِمٍ
Tegesipun: “Boten badhé mlebet swarga tiyang ingkang medhot tali silaturahmi.”
(HR. al-Bukhārī lan Muslim)
Para jamaah rahimakumullah,
Ing tengahing masyarakat Jawi, wonten tradisi kupatan ingkang dipunuri-uri ngantos sapunika. Bilih kupat dipunmangertosi minangka simbol ngaku lepat, janur dipunmaknai minangka jatining nur utawi pepadhang pituduh, dene tradisi kupatan ugi ngemot laku papat, inggih menika lebaran, luberan, leburan, lan laburan. Tradisi punika ugi dipunmangertosi minangka sarana silaturahmi, sedekah, memulyakaken tamu, lan syukur dhateng Allah.
Kupat punika saged dados pangeling bilih manungsa mesthi gadhah kalepatan. Mboten wonten tiyang ingkang suci saking dosa kajawi kanjeng nabi Muhammad SAW. Awit saking punika, dinten Idul Fitri punika dudu namung dinten kabingahan, nanging ugi dinten kanggé ngakeni kalepatan, nyuwun pangapunten, lan maringi pangapunten.
Allah Ta‘ālā ngandika:
وَلْيَعْفُوا وَلْيَصْفَحُوا ۗ أَلَا تُحِبُّونَ أَنْ يَغْفِرَ اللَّهُ لَكُمْ
(QS. An-Nūr: 22)
Tegesipun: “Lan sami ngapura lan sami legawa. Punapa panjenengan boten remen menawi Allah maringi pangapura dhateng panjenengan?”
Kupat ugi ngemot makna laku papat. Lebaran ateges sampun purna ibadah Ramadhan. Luberan ateges kedah remen berbagi rezeki, langkung-langkung lumantar zakat lan sedekah. Leburan ateges dosa lan kalepatan dipunlebur kaliyan saling nyuwun ngapura. Laburan ateges manungsa kedah njagi kesucian lahir saha batin.
Mila, tiyang ingkang saestu menang sasampunipun Ramadhan punika dudu namung tiyang ingkang sampun rampung posonipun, nanging inggih menika:
tiyang ingkang langkung resik manahipun,
langkung alus pangandikanipun,
langkung remen sedekahipun,
langkung kuwat silaturahminipun,
lan langkung gampang maringi pangapunten.
Rasulullah Ṣallallāhu ‘alaihi wa sallam dhawuh:
الْمُسْلِمُ مَنْ سَلِمَ الْمُسْلِمُونَ مِنْ لِسَانِهِ وَيَدِهِ
Tegesipun: “Tiyang muslim punika inggih menika tiyang ingkang tiyang muslim sanèsipun slamet saking lisanipun lan tanganipun.”
(HR. al-Bukhārī lan Muslim)
Mila, menawi dinten menika kita nyawisaken meja riyaya, mangga ugi nyawisaken manah kanggé ngapura. Menawi kita mbikak lawang griya kanggé tamu, mangga ugi mbikak manah kanggé sedulur ingkang nate klentu. Menawi kita remen ndhaharakaken tamu, mangga ugi remen mbiyantu fakir miskin, tanggi teparo, lan sedaya ingkang mbutuhaken.
Sungkeman dados salah satunggaling wujud ngaku lepat, mliginipun dhateng tiyang sepuh. Menika saged dados pangeling bilih ridha Allah asring kepanggih lumantar ridha tiyang sepuh. Awit saking punika, dinten Idul Fitri menika mangga kita sami nyuwun pangapunten dhateng ibu-bapak, dhateng kulawarga, tanggi teparo, saha para sedherek sedaya.
Jamaah ingkang kinurmatan,
Janur ingkang dados bungkus kupat punika saged kita raosaken minangka pralambang pepadhang. Menawi Ramadhan sampun nglatih kita nahan hawa nafsu, mila sasampunipun Ramadhan kita kedah tansah nyuwun pitedah dhateng Allah, supados langkah kita tansah wonten ing margi ingkang leres. Boten cekap manawi riyaya namung rame lahiripun, nanging peteng batinipun.
Ma’asyiral muslimin rahimakumullah,
Aja nganti Ramadhan menika namung ngowahi menu dhaharan, nanging boten ngowahi isi manah. Aja nganti riyaya namung dados acara tahunan, nanging boten dados titik wiwitan kanggé ndandosi akhlak lan pagesangan sosial. Mugi sasampunipun dinten menika, kita dados tiyang ingkang langkung takwa, langkung tawadhu’, langkung suka berbagi, lan langkung tresna dhateng sesami.
Sampun prayogi menawi filosofi kupat boten mandheg dados pralambang, nanging dados amal nyata. Menawi kita ngraosaken kupat minangka ngaku lepat, mila kita kedah wani andhap asor. Menawi kita ngraosaken janur minangka pituduh nur Ilahi, mila kita kedah tansah nyuwun pitedah lan njagi kesucian manah. Menawi kita ngraosaken luberan minangka piwulang berbagi, mila kita kedah remen nyukupi kabutuhan sesami. Menawi kita ngraosaken leburan minangka piwulang saling ngapura, mila aja ngantos lisan mawon ingkang matur pangapunten, nanging manah ugi kedah ikhlas. Menawi kita ngraosaken laburan minangka piwulang njagi kesucian, mila sasampunipun Ramadhan kita boten kenging bali dhateng pakulinan ingkang awon.
Mugi sasampunipun salat Id menika:
anak sami sungkem dhateng tiyang sepuh,
para sedherek sami nyambung paseduluran,
tanggi teparo sami nyengkuyung lan mbiyantu,
para ingkang langkung saged sami berbagi,
lan kita sedaya sami njaga buahipun Ramadhan.
Mugi dinten riyaya menika boten namung dados pratandha rampungipun Ramadhan, nanging ugi dados wiwitan kanggé mbangun gesang ingkang langkung berkah, kebak syukur, remen silaturahmi, seneng maringi pangapura, sarta ikhlas nulungi sesami. Mugi Allah paring kekiyatan dhateng kita sedaya supados saged njagi semangat ibadah, ngugemi akhlak mulya, lan dados umat ingkang slamet, bagya, lan mulya wonten ing donya saha akhirat. Amin.
أَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ، بِسْمِ اللهِ الرَّحْمنِ الرَّحِيمِ: وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللَّهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُونَ عِيدٌ سَعِيدٌ، كُلُّ عَامٍ وَأَنْتُمْ بِخَيْرٍ بَارَكَ اللهُ لِي وَلَكُمْ فِي الْقُرْآنِ العَظِيمْ، وَنَفَعَنِي اللهُ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ الْآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيمْ، أَقُوْلُ قَوْلِي هَذَا، وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ لِي وَلَكُمْ وَلِجَمِيْعِ الْمُسْلِمِيْنَ مِنْ كُلِّ ذَنْبٍ فَاسْتَغْفِرُوْهُ، إِنَّه هُو الْغَفُوْرُ الرَّحِيمْ
BACA JUGA: Dr. Hj. Hindun Anisah, MA Mengucapkan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1447 H
BACA JUGA: H. Ulil Albab, S.Psi, M.AP., Mengucapkan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1447 H
BACA JUGA: BAZNAS Kabupaten Jepara Mengucapkan Selamat Hari Raya Idul Fitri 1447 H
Khutbah Kaping Kalih
اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، اللَّهُ أَكْبَرُ، وَلِلَّهِ الْحَمْدُ. اللّهُ أَكْبَرُ كَبِيرًا، وَالحَمْدُ لِلّهِ كَثِيرًا، وَسُبْحَانَ اللّهِ بُكْرَةً وَأَصِيْلًا، فَسُبْحَانَ اللَّهِ حِينَ تُمْسُونَ وَحِينَ تُصْبِحُونَ. وَلَهُ الْحَمْدُ فِي السَّمَاوَاتِ وَالْأَرْضِ وَعَشِيًّا وَحِينَ تُظْهِرُونَ. اَلْحَمْدُ للهِ حَمْداً كَثِيْراً طَيِّباً مُبَاركَاً فِيهِ، كَمَا يُحبُّ رَبُّنَا وَيَرْضَى، وأَشْهَدُ أَنْ لَا إِلهَ إِلَا اللهُ وَحْدَهُ لَا شَرِيكَ لَهُ، وأَشْهَدُ أنَّ مُحَمَّداً عَبْدُهُ وَرَسُولُهُ، صَلَّى اللّهُ وَسَلَّمَ عَلَيه، أَفْضَلِ مَنْ صَامَ وَقَامَ، وَعَظَّمَ الشَّعَائِرَ العِظَامَ، وَعَلَى آلهِ الطَّيِّبِينَ الأَطْهَارِ، وَصَحَابَتِهِ الغُرِّ المَيَامِيْنِ الأَبْرَارِ، وَعَلَى التَّابِعِيْنَ لَهُمْ بِإِحْسَانٍ فِيْ الجَهْرِ وَالإِسْرَارِ. أَمَّا بَعْدُ. عِبَادَ اللّهِ فَأُوْصِيْكُمْ بِتَقْوَى اللّهِ، يَقُولُ اللّهُ تَعَالَى: يَا أَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا اتَّقُوا اللَّهَ حَقَّ تُقَاتِهِ وَلَا تَمُوتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُونَ وَاعْلَمُوا أَنَّ اللّهَ تَعَالَى أَمَرَكُمْ بِأَمْرٍ عَظِيْمٍ، أَمَرَكُمْ بِالصَّلَاةِ عَلَى نَبِيِّهِ المُصْطَفَى الكَرِيْمِ فَقَالَ سُبْحَانَهُ: إِنَّ اللَّهَ وَمَلَائِكَتَهُ يُصَلُّونَ عَلَى النَّبِيِّ يَاأَيُّهَا الَّذِينَ آمَنُوا صَلُّوا عَلَيْهِ وَسَلِّمُوا تَسْلِيمًا اللَّهُمَّ صَلِّ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا صَلَّيْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى ءَالِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وبَارِكْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى ءَالِ سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ كَمَا بَارَكْتَ عَلَى سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ وَعَلَى ءَالِ سَيِّدِنَا إِبْرَاهِيمَ إِنَّكَ حَمِيدٌ مَجِيدٌ. اَللَّهُمَّ اغْفِرْ لِلمُسْلِمِينَ وَالْمُسْلِمَاتِ وَالْمُؤْمِنِيْنَ وَالْمُؤْمِنَاتِ اَلْأَحْيَاءِ مِنْهُمْ وَالْأَمْوَاتِ إِنَّكَ سَمِيْعٌ قَرِيْبٌ مُجِيْبُ الدَّعَوَاتِ يَا قَاضِيَ الْحَاجَاتِ وَيَا غَافِرَ الذُّنُوْبِ وَالْخَطِيْئَاتِ. اللَّهُمَّ أَسْعِدْ في هَذا العِيدِ قُلُوبَنَا، وفَرِّجْ هُمُومَنَا، واشْفِ مَرضَانَا، وارْحَمْ مَوْتَانَا، وأَصْلِحْ أَحْوَالَنَا وأَحْوَالَ المُسْلِمينَ فِي كُلِّ مَكَانٍ. اللَّهُمَّ وَفِّقْ وَليِّ أَمْرِنَا وَوَليِّ عَهْدِهِ لِمَا تُحِبُّ وَتَرْضَى، وَخُذْ بِنَواصيهم لِلْبِرِّ وَالتَّقْوَى، وَاجْعَلْ بِلَادَنَا بِلَادَ إِيمَانٍ وَأَمَانٍ، وَرَخَاءٍ وَسَعَةِ رِزْقٍ، وَاصْرِفْ عَنْهَا الشُّرُورَ وَالْفِتَنَ، مَا ظَهَرَ مِنْهَا وَمَا بَطَنَ. أسألُ اللهَ أنْ يَجْعَلَهُ عِيْدَ خَيرٍ وَبَرَكةٍ، وأنْ يُعِيْدَهُ عَلَيْنَا وَعَلَيْكُمْ أَعْوَاماً عَدِيدَةً وَأَزْمِنَةً مَدِيدَةً، في صِحَّةٍ وعَافِيةٍ، وَفِي عِزٍّ لِلإِسْلامِ وَالمُسْلِمِينَ، وسَلَامَةٍ وأَمْنٍ وطُمَأْنِينَةٍ، إِنَّهُ عَلى كُلِّ شَيءٍ قَدِيرٍ. اللّهُمَّ إِنّا دَعَوْنَاكَ فَاسْتَجِبْ لَنَا دُعَاءَنَا فَاغْفِرْ لَنَا ذُنُوبَنَا وَإِسْرَافَنَا فِي أَمْرِنَا، اللَّهُمَّ اجْعَلْ عِيْدَنَا هَذَا عِيْدَ سَعَادَةٍ وَسُرُورٍ، وَهَنَاءٍ وَحُبُورٍ. رَبَّنَا آتِنَا فِي الدُّنْيَا حَسَنَةً وَفِي الْآخِرَةِ حَسَنَةً وَقِنَا عَذَابَ النَّارِ. عِبَادَ الله، إِنَّ اللهَ يَأْمُرُ بِالْعَدْلِ وَالْإِحْسَانِ وَإِيْتَاءِ ذِي الْقُرْبَى وَيَنْهَى عَنِ الْفَحشَاءِ وَالْمُنْكَرِ وَالْبَغْيِ يَعِدُكُمْ لَعَلَّكُمْ تَذَكَّرُوْنَ فَاذْكُرُوا اللهَ الْعَظِيْمَ يَذْكُرْكُمْ وَاشْكُرُوهُ عَلَى نِعَمِهِ يَزِدْكُمْ وَلَذِكْرُ اللهِ أَكْبَر.
Dr. Ahmad Saefudin, Dosen Unisnu Jepara